Laman

Sabtu, 01 Desember 2012

Maesan Palsu


Kaya sing wis direncanakake sakdurunge, bengi iki Amat teka ning ngomahe Sulis. Olehe mlebu omah wae beda karo padatan. Yen biasane metu lawang ngarep karo sisot-sisot, bengi iki dheweke mlebu lawang pawon sing pancen sengaja ora dikancing karo Sulis.

"Ora ana wong weruh to?" Sulis pitakon marang Amat.

"Ora! Wis Tenang wae, ora ana wong weruh! Lha piye, budhal saiki?"

"Mengko dhisik! Iki lho, wis tak cawisake kopi! Kowe wis mangan durung?"

"Wis! Aku wis mangan!"

"Aku iki mau kebeneran ngeterake simbok golek dagangan menyang Nggiren! Kowe ngerti ora? Aku mau liwat kuburan dalan cedhak kuburan iku!"

"Kok iso liwat dalan kono?"

"Ceritane, wong sing pete-ne dituku karo simbok iku nduduhake dalan trabasan sing iso langsung tekan ndalan gedhe, ora perlu mbalik liwat dalan maune, dadi ya, rada cepet! Dalane iku dalan tatanan watu rapi kae lho! Dadi kepenak diliwati. Lha jebule dalan iku lewat samping kuburan iku!"

"Terus?"

"Ya, karo liwat, aku ya karo ngematake situasi! Kaya-kaya urusane awak dhewe bakale sukses iki mengko!"

"Tapi ora dijaga tenan to?"

"Ora! Ora mung Jamal sing tak takoni, ana Pardi, ana Nurkolis!" Jawabe Sulis. 

"Lha, Mbah Suradi wis dikethik durung?"

"Wis! Esuk mau aku mrono! Aku wis omong, Mbah! Pokoke mangkih dalu sampun sare rumiyin, kula badhe mendhet barange, teras kula beta mriki!"

"Awak dhewe kudu andang mlebu kuburan iku, sebab yen kewengen, ana wong weruh, mesthi bakal curiga!"

"Yo! Kopimu ndang dientekke!"

-----

Swasana sakjroning kuburan desa iki krasa serem. Apa maneh iki tengah-tengahing mangsa ketiga, endi ing kono hawa krasa anyep drejeb. Wit-witan katon kaya ayang-ayang ireng. Angin anggawe obahing  gegodhongan papringan sing ngubengi kuburan iki, lan nimbulake suara sing nambahi serem kahanan. Durung maneh suara jangkrik lan suara-suara liyane, ndadekake kuburan iki tansaya mamring.

Wis cukup suwe Sulis lan Amat ngubengi kuburan, nggoleki sareyan anyar wong ndesa cedhak kene sing miturut kabar mati malem Jumuwah Kliwon wingi. Sakarone olehe mlaku karo ndhelik-ndhelik sebab wedi yen konangan wong. Amat karo Sulis pancen wis duwe rencana arep nyolong maesan wong sing mati malem Jumuwah Kliwon iku. Nanging mbareng wis nggoleki sawetara, sareyan anyar iku durung ketemu.

Arep kepiye wae nggoleki samubarang ing wayah wengi tanpa obor ya pancen susah. Bocah loro mau pancen nggawa senter baterai, nanging madhangake senter padha karo golek memala. Bisa konangan wong ndesa, kepara bakal digebuki.

"Jarene Jamal cedhak cungkup sing paling njero, berarti ya kene iki to? Tapi kok ora ketemu-ketemu ya?" Sulis kandha nganggo suara lirih. 

Sawetara sakarone padha nggoleki sareyan anyar. Saben pungkrukan sareyan di ulati kanthi tenanan, sareyan lawas utawa sareyan anyar. Kadhang-kadhang Amat nekat madhangi pungkrukan sareyan nganggo padhange layar hp.

"Iki!" Amat njawil Sulis sing uga lagi nggoleki.

Sulis nyedhak marang Amat banjur ngematake sareyan itu. Pancen sareyan anyar sing lagi diadhepi karo Amat. Sulis lingak-linguk kiwa tengen kanggo mesthekake yen sakarone aman-aman wae, ora ana wong liya sakliyane sakarone.

Maesan iku dipadhangi nganggo sunar layar hp. Lamat-lamat katon tulisan ana maesan iku.

"Supinah Binti Marsudi!" Amat maca tulisan ana maesan iku. "12 Juli 2012...iya! Iki!"

"Wis...pokoke awak dhewe tembus sesuk!" Kandhane Sulis lirih karo gumuyu. "Sugih dadakan!"

-----

Bengi iki bakda Isyak, Bapak ketekan tamu. Yen dirungokake saka carane padha ngobrol sajake Bapak lan tamune iku akrab. Sulis lagi wae arep metu saka kamar, arep metu dolan ana Poskamling. Nanging apa sing banjur keprungu kupinge saka tamune Bapak murungake biyate metu dolan.

Sing diomongake tamune Bapak iku bab sareyan anyar wong sing mati dina Jumuwah Kliwon ning kuburan desa Nggiren. 

"Maesane kelakon dicolong wong Pak!" Kandhane tamu iku marang Bapak.

"Dicolong?"

"Iya! Ya ming bejane pancen kabeh wis diantisipasi Mas!" Kandhane tamune Bapak. "Wong mati dina Jumuwah Kliwon utawa Selasa Kliwon pancen ngandhung wadi, mulane akeh sing kepengin manfaatke. Yen kudu nunggu ning kuburan sajrone patang puluh dina iku ya rasane repot! Mulane banjur padha diakali!"

"Lha olehe ngakali piye?" Sulis krungu pitakone Bapak.

"Dadi ngene Pak, mbareng bubar dimakamke, pamong desa karo kulawarga musibah iku sakdurunge wis padha sepakat yen sareyan anyar iku ditutup nganggo watu sareyan lawas sing diglethakake ning sandhing cungkup Mbah Ramijo. Lha, terus lemah pungkrukan iku digeser ning sisihe, ditata sajak kaya sareyan anyar, diwenehi maesan ethok-ethokan lan kembang-kembang. Jebul bener, ana sing nyolong!"

"Dadi sakjane sareyan anyar iku ana sak ngisore watu sareyan lawas iku?"

"Hehehe, iya!"

-----

"Semprul!" Amat misuh krungu apa sing dicritakake Sulis bab critane tamune Bapak. "Mulane ora tembus! Patang angka siji wae ora ana sing nyangkut! Lha Mbah Suradi iki jane wong sekti tenan ora to? Kudune rak yo ngerti to nek maesan iku palsu?"

"Pancen wong tuwa nylekuthis! Awak dhewe ming entek diakali! Jare sepisan iki bakal ces pleng!"

"Ra sido sugih!" Amat ngukur sirahe sing ora gatel.

"Rokokku ya ming kari loro iki, Mat!"

"Ya, wis kene aku siji! Sing gawe nukokake uba rampe karo amplopane Mbah Suradi gendheng iku yen gawe tuku rokok wis turah nyamleng! Oalah, kere-kere!"




Tidak ada komentar:

Posting Komentar